Gundhul Pacul
Gundhul-gundhul pacul-cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul-kul sempoyongan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Wakul ngglempang segane dadi saratan
Cempe-cempe barata sing gedhe
Dak upahi duduh tape
Cempa-cempa barata sing dawa
Dak upahi duduh klapa
Cemper-cemper barata sing banter
Dak upahi duduh lemper
Bulan bulan gedhe ana santri menek jambe
Ceblokna saklining wae
Mumpung jembar kalangane
Mumpung gedhe rembulane
Suraka-surak hiyo
Tokung-tokung wek wek wek
Angon bebek pinggir dalan gung
Sing ngadhangi Mbok Kaki Mandraguna
Dak are-are bebek asetokung-tokung
Cublak-cublak suweng
Cublak-cublak suweng
Suwengi si gulender
Mambu katundhung gudel
Pak Empong orong-orong
Pak Empong orong-orong
Sir sir plok kedhele gosong sir sir
Sir sir plok kedhele gosong sir sir
Tul jaenak jae jatul jaidi
Kontul jare banyak ndoge bajul kari siji
Abang-abang gendera Landa
Wetan sithik kuburan mayit
Klambi abang nggo tandha mata
Wedhak pupur nggo golek dhuwit
Lindri adang telung kathi
Lawuhe bothok teri
Njur dipenet-net
Njur diemplok-plok
Ya mak telep-lep
Pacak gulu janggreng
Adhuh yayi sendhal pancing
Kembang jambu karuk
lintang rina jare esuk
jenang tela gethuk
omah jaga aran cakruk
pitik mabur kuwi manuk
Gajah-gajah, kowe takkandhani jah
Mata kaya laron kuping ilir amba-amba
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik tansah kopat-kapit
Sikil kaya bumbung
Sasolahmu megang-megung
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhe-ondhe
Bok sri bombok bok sri kate
E, dhayohe teka, e, gelarna klasa
E, klasane bedhah, e, tambalen jadah
E, jadahe mambu, e, pakakna asu
E, asune mati, e, cemplungna kali
E, kaline banjir, e, kelekna pinggir
Paman guyang jaran, e e ana apa
Ngriku wau wonten popok beruk keli, e ora ana
Nggonku neng kene wus suwe
Tan ana suket kumledhang
Amung wong kang ngguyang sapi
Takonana ya dhuk
Manawa uninga
Mbok uwi rujak nanas
Kumpul-kumpul aneng gelas
Ya bapak ya ndara
Adhem panas rasane
Wong ngombe upas
Mas sinangkling suwasa inten berlean
Kil-kil, kil methakil
Cagak awak jare sikil
Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri
Wong niki sepur dhur bayare setali
Sapa trima nggonceng konangan kondhektur
Yen didhendha kenceng napa boten kojur
Sinten nunggang sepur lunga dhateng Nganjuk
Sinten pengin makmur aja seneng umuk.
Jamuran ya gegethok
Jamur apa ya gegethok
Jamur gajih brejijih saara-ara
Sira badhe jamur apa?
Menthog-menthog, takkandhani
Mung rupamu angisin-isini,
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthog-menthog, mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
Ris irisan tela la la la
Madu sari ri ri ri
Manuke podhang unine kuk angkukan
Unine kuk angkukan, unine kuk angkukan
Mbok uwi rujak nanas
Kampul kampul aneng gelas
Ya bapak ya ndara
Adhem panas rasane wong ngombe upas
Oas mas sinangkling suwasa inten barleyan
Kil kil kil methakil
Cagak awak jare sikil
Sluku sluku bathok, bathoke ela elo
Si rama menyang kutha, leh olehe payung mutha
Mak jenthit lololobah, wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit
Buta buta galak, solahe lunjak-lunjak
Ngadeg jingklak-jingklak, nungkak kanca nuli nandhak
Ngadeg bali maneh, rupane ting celoneh
Iku buron aneh dak sengguh buron kang remeh
La wong kowe we we sing marah-marahi
La wong kowe we we sing marah-marahi
Hi hi aku wedi, ayo kanca ngajak bali
Kae lo kae lo mripati plerak-plerok rok rok
Kae lo kae lo kulite ambengkerok rok rok
Ya kulite ambengkerok
Kidang talun mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus pithi duwe anak siji
Cit cit cuwit, cit cit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah Belang saka Tanah Plembang
Nuk renggunuk, nuk renggunuk
Gedhemu meh padha gunung
Sar sur kulonan, mak mak gemake rete te
Dak uyake rete te, dak uyake rete te
Yen kecandhak dadi gawe
Musuh mesthi mati, musuh mesthi mati
Dak bedhile mimis wesi
Mong mong jlegur, mong mong jlegur
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu godhong keningkir
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan dadi pikir
Sore-sore padhang bulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e do gegojekan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca-kanca ja turu sore-sore
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela
Yen ra mathuk atine rada gela
Ja ngono mas aja-aja ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gela
Gambang suling ngumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung
Ketipung suling sigrak kendhangane
Ilir-ilir ilir-ilir
tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo
tak sengguh temanten anyar
cah angon cah angon
penekna blimbing kuwi
lunyu-lunyu penekna
kanggo mbasuh dodotira
dodotira kumitir bedhah ing pinggir
domdomana jrumatana
kanggo seba mengko sore
mumpung padhang rembulane
mumpung jembar kalangane
ya surak asurak hiyo.
Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kono-kene kono-kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu papat bareng maju papat-papat
Diulang-ulungake murih enggal rampunge
Holopis kuntul baris holopis kuntul baris
Holopis kuntul baris holopis kuntul baris
Wajibe dadi murid
Ora kena pijer pamit
Kejaba yen lara, lara tenanan
Ra kena ethok-ethokan
Yen wis mari bali neng pamulangan
Ja nganti mbolos-bolosan
Mundhak dadi bocah bodho
Plenga-plengo kaya kebo
Gula klapa abang putih sang dwi warna
Gula klapa pralambang negara kita
Watak kendel kulinakna budi asor singkirana
Gula klapa dadi srana manunggaling nusantara
Gula klapa abang putih sang dwi warna
Gula klapa iku minangka pratandha
Sagung rakyat Indonesia tunggal sipat rasa karsa
Adhedhasar Pancasila ayem tentrem warga bangsa
Dhendheng kenthing thing
Sambel lonthang thang
Kakang mendhak yen mendhak ulung-ulungan
Jenang telaka gendhis mawi kalapa, aoa
Caosena temanten krenteg kawula
Benguk wana kecipir wungu kembange, aoe
Rowa rawe temanten ketemu sore.
Kembang blimbing bing maya maya ya
Kembang pelem wujude ingklik ketela
Kembang kacang lan kara padha kupune lha kae
Kembang pring blas-blasan kaya carange
Kembang jambu lan randhu metu karuke lha kae
Dhasar blanggreng si kopi pamacakira
Ing wayah esuk, jagone kluruk
Rame swarane pating kemruyuk
Wadhuh senenge sedulur tani
Bebarengan padha nandur pari
Srengenge nyunar kulon prenahe
Manuke ngoceh ana wit-witan
Pating cemruwit rame swarane
Tambah asri donya saisine
Lesung jumengglung
Sru imbal-imbalan
Lesung jumengglung
Manengker mangungkung
Ngumandhang ngebegi
Sajroning padesan
Thok thok thek thok thok gung
Thok thok thek thok thek thok gung
Thok thok thek thok thok gung
Thok thok thek thok thek thok gung
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Padhang bulan ing pesisir Banyuwangi
Kinclong-kinclong segarane kaya kaca
Lanang wadon bebarengan suka-suka
Eling-eling yo padha elinga
Perjuangan patang puluh lima
Perjuangan rakyat Indonesia
Kutha Bondowoso mas misuwur tapene,
Cak cak Surabaya ja lali rujak cingure,
Timbang bali nglenthung wingka Babad luwung,
Mojokerto jipang wedang angsle asli Malang,
Njajah desa milang kori nggoleki condhonging ati,
Brem kutha Mediun kripik Trenggalek tamba gumun,
Kediri tahu takwane yen Nganjuk kondhang angine.
Kutha Ponorogo mas, misuwur reoge
Cak-cak Surabaya jo lali mbarek ludruke
Empun kesusu kondur mirsanana sandur
Wayang topeng dhalang saking Madura sampun kondhang
Njajah desa milang kori nggoleki condhonge ati
E, seni gambus misri Jombang gandrung Banyuwangi
Pandaan sendra tarine yen Nganjuk kondhang kledheke
Witing klapa jawata ing ngarsa pada
Salugune wong wanita
Pancen nyata kula sampun jajah praja
Ing Ngayoja Surakarta

0 Komentar